Pages

Your favorite shinee member?

Diberdayakan oleh Blogger.

appa saja yang ak suka::

  • _akU suKa ng,nEt
  • _akU suka mBaca
  • _aku suka mAem
  • _aku sUka enda Ungu
  • _aku suka Ungu baNd
Foto Saya
Mrs Minho ^^
im just an ordinary girl who loves justin bieber and SHINee so much :) i am 1 year at SHS 1 Pekalongan :) ingin tau lebih lanjut?? follow me :)
Lihat profil lengkapku

Cari Blog Ini

Minha lista de blogs

You can replace this text by going to "Layout" and then "Page Elements" section. Edit " About "

Adat Tata cara Temanten Jawa Sadurunge Temu Manten

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan- rangkeyan upaca lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu. Rangkeyan inti upacara umume diselenggarake neng daleme penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetap dibantu keluarga penganten kakung. Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
1. Lamaran
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtuwa utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didadeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal panyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
Lamaran pengantenan iku dilako'ake kanggo tandha resmi yen pihak kaluarga calon manten putri utamane wongtuane isa nrima calon manten kakung dadi pasangan urip putrine.
• Sifat
Sedurung acara lamaran iki, umume wis ana kesepakatan awal prakara nrima/setuju utawa nolak/ora setuju pernikahan iki dadi sejatine acara iki mung formalitas ning tetap kudu ana tembung- tembung sing nandha'ake ngajo'ake lamaran lan nrima lamaran saka masing-masing pihak.
• Fungsi lan Makna
Lamaran dimanfaatake kanggo ngenal luwih dalam masing-masing calon manten uga kanggo ngenal kaluarga lan sedulur masing-masing pihak. Kadhang neng acara iki dibarengake karo acara tunangan sing disimbolake karo upacara tukar cincin sing tujuane kanggo tandha yen calon manten putri wis diikat utawa ditandhani bakal dadi pasangan urip calon manten lanang dadi jago-jago liya aja wani njajal medheki. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
2. Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngersi’ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggara’ake sedina sedurung ijab Kabul lan dilako’ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon temanten banjur sedulur liyane uga pemaes.
Siraman iku salah sijining rangkeyan neng upacara pengantenan. Upacara iku nduwe makna perlambang yaiku kanggo ngresi’ake jiwa calon manten. Upacara adat siraman iki uga bisa ditemoake neng rangkeyan upacara pengantenan adat suku-suku liya neng nusantara.
3. Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widodari mudhun saka suwarga kanggo aweh pangestu uga kanggo perlambang yen sesuk ning acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing dibarengake karo acara paningsetan lan srah srahan. Acara midodaren iki diselenggara’ake mbengi bubar acara siraman. Sing hadir neng acara iki seliyane keluarga penganten putri uga tangga-tangga cedhak lan kanca-kanca cedhak calon penganten putri. Penganten kakung lan keluargane uga hadir neng daleme penganten putri ning calon penganten kakung urung diijinake ketemu langsung karo calon pasangane merga calon pengaten putri durung diijinake metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah mbengi.
4. Peningsetan
Kadang kanggo alesan praktis, acara midodaren iki dibarengake karo acara paningsetan ning biasane uga ana sing nyelenggara’ake acara paningsetan iku sadurunge.
5. Nyantri
Yen wis liwat tengah mbengi, calon penganten putri isa metu saka kamar ning calon penganten kakung malah wiwit dikurung neng kamar kusus nganti esuk, iki umum diarani nyantri.
6. Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut uga “asok tukon” yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar

Visitors

Online Visitors

Total Tayangan Halaman

Entri Populer

Followers